Home » Bahan PA » Bahan PA 21-26 Januari 2019

Bahan PA 21-26 Januari 2019

Sih-katresnanipun Allah kanggé Kamanungsan kita
(Titus 2:11-14)

Ancas:
1. Para rawuh mangertosi makna inkarnasi Yésus minangka pangudinipun Allah mujudaken katresnan.
2. Para rawuh mujudaken sihipun Allah dhateng sesamining manungsa secara adil lan apatrap susila (beradab).

Panuntun
Allah rawuh ngaruhaken manungsa kanthi cara dados sami kaliyan manungsa nulad pasemonipun Gusti Yésus Kristus (inkarnasi). Lantaran Natal kita ngraos-ngraosaken bab punika. Wontening Gusti Yésus, kita mangertos ka-Allahan ingkang supel ngaruhaken jagad. Sarana rawuhipun ing jagad, pangajeng-ajeng kapratélakaken. Rupining kamanungsan ingkang risak kapulihaken supados manungsa nggadahi kasusilan lan pangajeng-ajeng. Pangajeng-ajeng ing Gusti mbekta umat tansah optimis ing gesangipun. Optimisme kawujudaken wonten iung gesang padintenan secara étis. Patrap étis maujud awit anggènipun sumadya sinau saking Allah, sesami, lan alam.

Minangka bangsa Indonésia, kita kedah optimis. Gesanging bangsa Indonésia salajengipun wonten ing tanganipun tiyang-tiyang ingkang yakin bilih bangsa punika badhé dados bangsa ingkang linuwih. Minangka umat Kristen, kita kadhawuhan dhateng ing satengahing masyarakat kanthi nyebar sih-kanugrahaning Allah sarta ngyakinaken bilih optimisme punika kedah tansah wonten. Saged ugi kita pitakèn, “Lha aku kan adiyuswa alias usia lanjut, apa bisa nyebar sih-kanugrahaning Allah lan optimisme?” Saben tiyang saged nindakaken. Punapa-malih wargani pasamuwan dewasa ingkang kagungan pengalaman langkung kathah katimbang para anèm. Inggih kanthi semangat patuladhan punika sih-kanugrahaning Allah lan optimisme kasebaraken dhateng sakathah-kathahipun tiyang supados kamanungsan kita kapulihaken.

Katrangan Tèks
Seratipun Rasul Paulus dhateng Titus isi panuntun tumrap pasamuwan. Wigatosing serat punika inggihpunika kanggé mbangun pasamuwan supados gesang ing sih-rahmatipun Sang Kristus. Bab punika cetha saking pangandikanippun rasul Paulus ing bab prekawis-prekawis ingkang kedah katindakaken déning pasamuwan. Srana miturut pitedahipun rasul Paulus, pasamuwan kaajeng-ajeng dados umat ingkang setya dhumateng Sang Kristus.

Ing seratipun dhateng Timotéus, rasul Paulus maringaken sawenèhing pokok penting. Pokok-pokok penting punika ing antawisipun, kapisan: Titus katugasaken dhateng Kréta (1:15-16). Ing tugasipun punika Titus kasuwun déning rasul Paulus supados netepaken pinepisepuhing pasamuwan ingkang “sembada” (ayat 5-9). Ancasing netepeken pinisepuh ingkang sembada punika kianggé nyingkiraken pasamuwan saking piwulang nasar. Kaping kalih, rasul Paulus paring pamrayogi wigatosipun pangrimating pasamuwan, inggih punika supados pasamuwan kabangun. Sawetawis pamrayogi kanggé pambanguning pasamuwan inggih punika:
1) Kewajibanipun warganing pasamuwan gesang ing satengahing masyarakat (2;1-10),
2) Panganthinipun Gusti tumrap pasamuwan ing salebeting nindakaken ayahanipun (2:11-15),
3) Ayahan tumrap pangajeng/pimpinan lan sesambetanipun pasamuwan kaliyan sesami (3:1-12),
4) Pepénget bab piwulang nasar (3:9-11).

Titus 2:11-14 punika péranganing serat ingkang isi pitedah tumrap pasamuwan bilih panganthining Gusti dhateng pasamuwan ing salebeting nindakaken ayahan pangutusan karaosaken lantaran pakaryaning kawilujenganipun. Pakaryan kawilujengan saking Allah dados nyata awit Kristus Yésus. Inggih Panjenenganipun punika sih-rahmatipun Allah punika (ayat 11). Wonten ing rawuhipun Sang Kristus, manungsa kaparengaken ngalami pakaryaning kawilujenganipun Allah ingkang mbekta pangajeng-ajeng énggal, inggih punika ruang utawi dimenmensi “syalom” kanthi teges ingkang sapenuh-penuhipun maujud ing gesanging umat manungsa ing bumi punika. Inkarnasi Kristus sampun ndhatengaken dimensi ruang-ing manah ingkang damel lega, mbébasaken, lan mbuka satunggaling perspektif gesang énggal. Mila trep sanget nalika rasul Paulus ngendika: “Awitdéné sih-rahmaté Gusti Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wus kababar”.

Inggih awit Panjenenganipun, pasamuwan nampi kekiyatan kanggè gesang suci. Rasul Paulus nyebut gesang suci minangka gaya hidup ingkang katindakakaken ing salebeting prosés sinau. Rasul Paulus merdi pasamuwan supados saged nilar kalamisan, pepénginan kadonyan, gesang wicaksana, ngibadah. Gesang suci punika katindakaken ing salebeting mbangun gesang ingkang cundhuk kaliyang kersanipun Sang Kristus Sumbering pangajeng-ajeng (ayat 13).

Lantaran kedaosan inkarnasi Kristus, manungsa katimbalan nginger lan mbikak singgetan-singgetan rohaniah ingkang ndadosaken manahing manungsa kapenuhan (dipun sesaksi) déning manéka warni kadurakan lan égoisme dhiri. Rasul Paulus ugi ngendika, “kang wus masrahaké sarirané kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabèhing piala apadéné banjur dadi umat kang wus kasucèkaké déning Panjenengané, kagem Panjenengané, dadi kagunangé piyambak, kang taberi marang panggawé becik”. Inggih Panjenenganipun punika Juru wilujeng ingkang kebak ing katresnan ingkang ngajak umat mujudaken katresnan srana taberi/sregep damel kasaénan dhateng sesami. Wujuding inkarnasi Yésus punika kagem nélakaken kamanungsan ingkang susila (beradab). Bab punika kabukti wonten ing anggènipun masrahaken sariranipun ingkang wetah kanggé jagad (ayat 14).

Panuntun Dhialog/Pirembagan
Ing Panyuraos Kitab Suci punika, panuntun kanggé dhialog kaginakaken minangka gantosipun panuntun kanggé rerembagan. Dhialog mujudaken pangudi saking sawenèhing péhak anggènipun sami-déné andum wawasan, raos, lan pengalamaning gesang. Ing salebeting dhialog saben tiyang dipun pirengaken lan dipun aosi.

  1. Para rawuh kaajaka ngucapaken sila kaping kalih Pancasila, “Kemanusiaan yang adil dan berdab”.Miturut panjenengan, punapa wonten gandhéng cénéngipun ing antawisipun kemanusiaan yang adil dan beradab kaliyan rawuhipun Gusti Yésus ing jagad punika?
  2. Minangka umat Kristen, tumindak punapa kémawon ingkang saged katindakaken ing salebeting mujudaken kemanusiaan yang adil dan beradab ing satrengahing masyarakat?
  3. Rawuhipun Gusti Yésus ngasta pangajeng-ajeng lan optimisme umat ing bab gesang ing tembé wingking. Kanggé gesang sesarengan ing brayat, pasamuwan, lan bangsa Indonésia ing tembé wingking, punapa optimisme panjenengan?

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Agenda Kegiatan

Ibadah Minggu Online : Setiap Hari Minggu jam 08.00 WIB livestreaming di channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul dan Radio Swara Dhaksinarga 89,9 FM

Renungan Harian Online : Setiap hari Senin – Sabtu jam 05.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Persekutuan Remaja Online : Setiap hari Sabtu jam 16.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Sekolah Minggu Online : Setiap hari Minggu jam 07.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Latihan Macapat : diliburkan

Persekutuan Doa Pagi : diliburkan

Kelas Katekisasi : diliburkan

Jadwal PA Wilayah/Panthan/Kelompok  >> Oktober 2020 >> DILIBURKAN