Home » Bahan PA » MATERI PD MASA PASKAH 2020 (9-14 Maret 2020)

MATERI PD MASA PASKAH 2020 (9-14 Maret 2020)

TULADHA KASETYAN SAKING SMIRMA
(Wahyu 2 : 8 – 11)

1. WEKDAL ENING

2. KIDUNG PAMUJI
KPK 112 : 1-3

GUSTI YÉSUS PANGÈN KULA

Gusti Yésus Pangen kula,
kula ménda kagungannya.
Dènnya nebus klayan rahnya,
mrih kula gesang slaminya.

Sang Kristus Pangèn utama
kang sampun ngetohken nyawa,
nebus kula saking dosa,
wah nuntun kula mring swarga.

Gusti ngayomi méndanya,
inguwalken sing rubéda,
mrih tan tiwas ing panandhang,
nging tansah manggih kabegjan.

3. PANDONGA

4. KIDUNG PAMUJI KPK 23 : 1–2

TANSAH SAOS SOKUR MRING GUSTI

Kula ngaturken sembah bekti
de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi
kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula
leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur
tinampi lan puji sokur.

Kula memuji datan kendhat
mring sihe Allah murbeng rat,
wanci enjing surya sumunar
mulyaning alam ginelar,
tetuwuhan mawarni-warni
wah kewan ngebaki bumi,
sing tilem ngaso kula tangi
nindakken karsaning Gusti.

4. PAMAOSING KITAB SUCI :
Wahyu 2:8-11

5. WEDHARING PANGANDIKA

Tuladha kasetyan saking Smirna

Para sadhèrèk ingkang kinasih, dinten punika kita badhé sinau bab kasetyan saking pasamuwan ing Smirna. Saking sumber internèt sarapanpagi.com wonten katrangan bilih kitha Smirna punika kitha ingkang kina ing pesisir kilèn Asia Kecil; sapunika dipun sebat Izmir. Kitha punika mapanipun gandhèng kaliyan wilayah seganten Aégéan. Wekdal semanten dados kitha ingkang saged tandhing kaliyan Éfésus. Kitha Smirna ngaken dados kitha nomer setunggal ing Asia Kecil ing babagan kaéndahan lan ukuran. Satunggaling kitha ingkang nengsemaken, minggah alus saking seganten, wewangunan gedhong-gedhongipun ingkang éndah. Inggih ing kitha punika mapan pasamuwan Kristen. Mbokmenawi pasamuwan Kristen ing Smirna punika wohing pakabaran Injil ingkang dipun tindakaken déning Rasul Paulus ing pekabaran ingkang kaping tiga. Lelakoné Para Rasul 19:10 dados cathetan ingkang wigati ing bab kadospundi Rasul Paulus nyeksèkaken Injil ing kitha wau. Ing kitab Wahyu, Smirna punika pasamuwanipun Gusti ingkang kaping kalih ing antawisipun pitu pasamuwanipun Gusti ing Asia Kecil ingkang nampèni dhawuh ingkang kaserat déning Rasul Yokanan kanthi panuntunipun Sang Kristus ingkang sampun kamulyakaken (Wahyu 1: 11).

Pangandikanipun Rasul Yokanan dhateng pasamuwan ing Smirna supados tetepa setya dhumateng Gusti ing tengahing manékawarni pacobèn. Ing ngriki tembung pacobèn mengku tigang pangretosan inggih punika: Sepisan, pacobèn ingkang tegesipun kasisahan. Kasisahan punika dipun alami déning pasamuwan Smirna. Kaping kalih, pacobèn ingkang tegesipun melarat. Ing wekdal semanten wonten sawetawis bab ingkang njalari kemelaratan dipun alami déning pasamuwan Smirna. Wiwit saking kahanan sakawit saking golongan tiyang sèkèng, wonten ingkang barang darbèkipun dipun jarah tiyang. Kaping tiga, pacobèn tegesipun ugi lelampahan kinunjara. Tiyang-tiyang Kristen wekdal semanten kathah ingkang kalebetaken ing pakunjaran karana ngugemi imanipun dhumateng Gusti.

Kadospundi déné pasamuwan saged setya ngadhepi pacobèn ingkang dipun tampèni? Rasul Yokanan memulang supados pasamuwan ngener dhateng Gusti Yésus. Rasul Yokanan ngandharaken bilih Gusti Yésus punika Sang Sabda saking Wiwitan dumugi Pungkasan, ingkang tegesipun Panjenengani-pun punika katetepaning prasetyanipun Allah. Punapa kémawon ingkang kalampahan, wiwit saking miyos dumugi sédanipun. Sang Kristus ingkang wungu sesarengan kaliyan kita punika Sang Kristus ingkang menang ngadhepi pacobèn lan kasangsa-ran. Sang Kristus ingkang wungu inggih Panjenenganipun punika ingkang ngalami lelampahan ingkang paling awon ing pakaryan paladosanipun. Panjenenganipun sampun séda ing kasangsaran salib. Punapa kémawon ingkang dipun alami pasamuwan Smirna, sadaya sampun naté dipun alami déning Gusti Yésus. Gusti Yésus kawasa mitulungi, awit Panjenengani-pun pirsa prakawis ingkang awon wonten ing gesang malah sampun ngraosaken paitipun pepejah.

Kejawi tabah ngadhepi kasunyatan, Rasul Yokanan ngajak umat tetep setya, sanadyan menawi pepejah ingkang kedah dipun labuhi. Sujarah mbuktèkaken kasetyanipun pasamuwan ing Smirna ingkang pantes dados patuladhan inggih punika lelampahanipun Polikarpus, Uskup Smirna. Sujarah nyariosaken bilih Polikarpus dipun patrapi paukuman pejah déning pamarintah kanthi dipun besmi (dibakar) ing satunggaling cagak ing taun 155 M, inggih nalika Polikarpus mboten purun pratéla bilih “Kaisar punika Gusti.” Piyambakipun dipun besta dhateng stadium. Proconsul ndheseg piyambakipun, “Mara gawéa sumpah, aku bakal ngluwari sira, sélakana Kristus!” Ananging Polikarpus mangsuli, “Wolungdasa taun kula ngladosi Panjene-nganipun, lan Panjenenganipun mboten naté adamel kula sakit manah. Kadospundi anggèn kula saged nyenyamah Ratu lan Juruwilujeng kula?” Nanging proconsul wau tetep ndheseg satemah Polikarpus kaukum pejah sarana dipun besmi.

Cariyos kasetyanipun pasamuwan ing Smirna prayogi tansah dados pangraosing gesangipun umat éngga sapriki. Ndhèrèk Gusti Yésus pancèn mboten gampil, mbetahaken tantangan lan perjuwangan supados tetep dados kagunganipun Gusti Yésus. Awit saking punika minangka patunggilan, kita katimbalan supados kateguhaken satunggal lan satunggalipun tuwin tetep setya ndhèrèk Panjenenganipun.

6. KIDUNG PAMUJI
KPK 187 : 1 – 3

JIWA-RAGA KAWULA

Jiwa raga kawula
konjuk mring Sang Pamarta,
mugi dados lantaran
kamulyaning Pangéran,
kamulyaning Pangéran.

Tangan-suku kawula
nindakken pakaryannya,
mrih sesami basuki,
nampèni sihing Gusti,
nampèni sihing Gusti.

Dalah kedaling ilat
nggih ngundhangken sih-rahmat,
temah asmaning Gusti
datan kendhat pinuji,
datan kendhat pinuji.

7. PANDONGA

 Nyuwun supados umat saged nladhani pasamuwan ing Smirna
 Nyuwun umat saged nindakaken ing padintenan.

8. KIDUNG PAMUJI KPK 62:1-3

RAHAYU WONG WEDI ASIH
Rahayu wong wedi asih
mring Pangeran Yehuwah
ramenggawe sepi pamrih
kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabektti
slamanya den berkahi
lan turune lestari.

Omahe wong kang pracaya
kanggonan kaluberan,
kautamane slamanya
tanggon ing karupekan,
yen pepeteng nglimputi
gya pepadhang nelahi
wit tinunggil ing Gusti.

Wong loma sinung kabegjan
slamanya kinasihan,
wong jujur tulus ing lampah
sinebut-sebut tansah,
mring Wang drengki tan wedi
nging pracaya mring Gusti
rineksa ing Hyang Widi.

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Agenda Kegiatan

Ibadah Minggu Online : Setiap Hari Minggu jam 08.00 WIB livestreaming di channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul dan Radio Swara Dhaksinarga 89,9 FM

Persekutuan Doa Rabu Pagi : Setiap Hari Rabu jam 04.30 WIB di Gedung Gereja