Home » Bahan PA » Materi PA 12-17 November 2018 (Dalam rangka HUT Klasis GKJ Gunungkidul ke-49)

Materi PA 12-17 November 2018 (Dalam rangka HUT Klasis GKJ Gunungkidul ke-49)

GREGET LELADOSAN SESARENGAN

PALADOSAN PANGANDIKANIPUN GUSTI

  1. Pandonga
  2. Waosan Para Rasul 18: 24-28
  3. Panglimbang

Purwaka

Greget salebeting paladosan sesarengan minangka jejer kangge panyuraos kitab suci sesambetan kaliyan Ambal Warsa kaping 49 Klasis Gunungkidul.

Tembung greget kaliyan tembung gregeten punika benten sanget. Pangertosan gregeten punika tiyang ingkang nembe jengkel kaliyan prakawis utawi kaliyan tiyang sanes, wondene tembung greget inggih punika pengertosanipun semangat gesang ingkang tuwuh saking sawetahing batining manungsa ingkang purun nindakaken prakawis.

Conto pandherekipun Gusti Yesus ingkang kagungan greget salebeting paladosan sesarengan inggih punika Apolos, tiyang ingkang wasis bab kitab suci ingkang lelados sesarengan kaliyan Priskila Ian Akwila ingkang minangka suami istri ingkang asalipun saking Yahudi ingkang sami pitados dhumateng Gusti Yesus, tetiganipun nggadhahi semangat ingkang makantar-kantar kangge ngundhangaken bab pakaryanipun Gusti Yesus ingkang milujengaken manungsa awit gesangipun sampun ngraosaken paladosanipun Gusti Yesus Ian para muridipun ingkang ndadosaken tetiganipun nampi gesang karahayon.

Greget paladosan sesarengan, estunipun sampun wonten ing jamanipun Kristen wiwitan ngantos dumugi sakpunika, awit para pandherekipun Gusti Yesus sami kaosikaken dening pakaryanipun Sang Roh Suci minangka gegelitaning sariranipun Sang Kristus ingkang katimbalan martosaken Injiling Tentrem Rahayu. ( Pemimpin saged nyebutaken conto-conto paladosan sesarengan ingkang dipun mangertosi). Kanthi paladosan sesarengan, prakawis-prakawis ingkang awrat tetep ngremenaken Ian ugi wohing paladosan badhe langkung sae. Greget punika ugi penting amargi saged nuwuhaken kakiyatan Ian ugi saged memotivasi tiyang sanes.

Greget punika saged tuwuh manawi wonten ing gesang kita punika wonten atur Ian raos ingkang tulus contonipun bapak, ibu, para sederek punika paling mbonten saged ngatingalaken esemipun dhateng tiyang sanes mboten njegadul, (tersenyumlah dengan mata Saudara jangan hanya tersenyum dengan bibir saja).

Pitakenan

  1. Punapa para Sadherek nate nggadhahi greget wekdal paladosan sesarengan ing pasamuwan?, Ian wekdal kalasemanten peladosan punapa ingkang panjenengan tindakaken?, saha kenging punapa panjenengan nggadahi greget wonten ing salebeting paladosan?
  2. Kadospundi caranipun nuwuhaken greget ing salebeting paladosan sesarengan?

PISUNGSUNG

(Pisungsung dipun kempalaken wonten Kantor GKJ Wonosari saklajengipun badhe dipunaturaken dhateng Klasis GKJ Gunungkidul)

PANDONGA PANUTUP

SUGENG AMBAL WARSA INGKANG KAPING 49, Kagem Pasamuan Klasis GKJ Gunungkidul

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Kontak

GKJ Wonosari Gunungkidul
Jl. Gereja No. 11-12 Wonosari, Gunungkidul, DIY, 55812, Telp : (0274) 391 146
No. Rekening BRI a.n. GKJ Wonosari : 0153-01-001186-56-7

Jadwal Ibadah Induk

06.00 BAHASA INDONESIA

08.00 BAHASA JAWA

16.30 BAHASA JAWA

18.30 BAHASA INDONESIA

Jadwal Ibadah Panthan

PANTHAN BENDUNGAN 07.00 WIB BAHASA JAWA (Minggu I Bahasa Indonesia)

PANTHAN RANDUKUNING 07.00 WIB BAHASA JAWA (Minggu II Bahasa Indonesia)

PANTHAN NGLIPAR 07.00 WIB BAHASA JAWA (Minggu II dan IV Bahasa Indonesia )

PANTHAN KEBONJERO 07.00 WIB BAHASA JAWA (Minggu I Bahasa Indonesia)

PANTHAN HARGOMULYO 08.00 WIB BAHASA JAWA (Minggu II Bahasa Indonesia)

Powered by WordPress / Academica WordPress Theme by WPZOOM