GREGET LELADOSAN SESARENGAN
PALADOSAN PANGANDIKANIPUN GUSTI
- Pandonga
- Waosan Para Rasul 18: 24-28
- Panglimbang
Purwaka
Greget salebeting paladosan sesarengan minangka jejer kangge panyuraos kitab suci sesambetan kaliyan Ambal Warsa kaping 49 Klasis Gunungkidul.
Tembung greget kaliyan tembung gregeten punika benten sanget. Pangertosan gregeten punika tiyang ingkang nembe jengkel kaliyan prakawis utawi kaliyan tiyang sanes, wondene tembung greget inggih punika pengertosanipun semangat gesang ingkang tuwuh saking sawetahing batining manungsa ingkang purun nindakaken prakawis.
Conto pandherekipun Gusti Yesus ingkang kagungan greget salebeting paladosan sesarengan inggih punika Apolos, tiyang ingkang wasis bab kitab suci ingkang lelados sesarengan kaliyan Priskila Ian Akwila ingkang minangka suami istri ingkang asalipun saking Yahudi ingkang sami pitados dhumateng Gusti Yesus, tetiganipun nggadhahi semangat ingkang makantar-kantar kangge ngundhangaken bab pakaryanipun Gusti Yesus ingkang milujengaken manungsa awit gesangipun sampun ngraosaken paladosanipun Gusti Yesus Ian para muridipun ingkang ndadosaken tetiganipun nampi gesang karahayon.
Greget paladosan sesarengan, estunipun sampun wonten ing jamanipun Kristen wiwitan ngantos dumugi sakpunika, awit para pandherekipun Gusti Yesus sami kaosikaken dening pakaryanipun Sang Roh Suci minangka gegelitaning sariranipun Sang Kristus ingkang katimbalan martosaken Injiling Tentrem Rahayu. ( Pemimpin saged nyebutaken conto-conto paladosan sesarengan ingkang dipun mangertosi). Kanthi paladosan sesarengan, prakawis-prakawis ingkang awrat tetep ngremenaken Ian ugi wohing paladosan badhe langkung sae. Greget punika ugi penting amargi saged nuwuhaken kakiyatan Ian ugi saged memotivasi tiyang sanes.
Greget punika saged tuwuh manawi wonten ing gesang kita punika wonten atur Ian raos ingkang tulus contonipun bapak, ibu, para sederek punika paling mbonten saged ngatingalaken esemipun dhateng tiyang sanes mboten njegadul, (tersenyumlah dengan mata Saudara jangan hanya tersenyum dengan bibir saja).
Pitakenan
- Punapa para Sadherek nate nggadhahi greget wekdal paladosan sesarengan ing pasamuwan?, Ian wekdal kalasemanten peladosan punapa ingkang panjenengan tindakaken?, saha kenging punapa panjenengan nggadahi greget wonten ing salebeting paladosan?
- Kadospundi caranipun nuwuhaken greget ing salebeting paladosan sesarengan?
PISUNGSUNG
(Pisungsung dipun kempalaken wonten Kantor GKJ Wonosari saklajengipun badhe dipunaturaken dhateng Klasis GKJ Gunungkidul)
PANDONGA PANUTUP
SUGENG AMBAL WARSA INGKANG KAPING 49, Kagem Pasamuan Klasis GKJ Gunungkidul