Home » Bahan PA » Materi PD Bulan Keluarga (28 Oktober – 2 November 2019)

Materi PD Bulan Keluarga (28 Oktober – 2 November 2019)

“BRAYAT LAN PANGAJENG-AJENG”
Waosan: Ibrani 10: 23-24

1. WEKDAL ENING

2. PAMUJI KPK 31:1-3

PINUJIA ALLAH

Pi nujia tansah Allah Mamirah
kang gung tresnanira mring salir titah
tyang dosa dura ka sinung apura
ti nebus sing pati temah basuki

reff :
luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta
luhurna mulyakna Pangruwating dosa
pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

Pinuji slaminya Allah Matresna,
kang ngegungken sabar mring tyang kang mblasar,
nuntun mring pitobat srana sih rahmat,
mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
reff :

Pinuji tan kendhat Allah murbeng rat,
kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya,
tyang bekti lan setya sinung nugraha,
gesang langgeng nyata neng kraton swarga,
reff :

3. PANDONGA

4. PAMUJI KPK 108 : 1-2
GUSTI MUGI NUNGGIL MRING KULA

Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula
Yen ta kesaput peteng ing ratri
nggih namung Gusti kang mitulungi
sumangga Gusti nunggil mring kula.

Gesang kula wah aruming nama
kadya samodra surut lan sirna
ewah gingsir sabarang neng donya
nging Paduka tansah nunggil kula.

5. WAOSAN KITAB SUCI:
Ibrani 10: 23-24

6. RENUNGAN

“Brayat lan Pangajeng-ajeng”

Wonten sawetawis pitakènan ingkang makaten:
• Menapa ingkang saged kita ajeng-ajeng saking brayat kita?
• Menapa taksih wonten pangajeng-ajeng ing brayat kita?

Pitakènan kasebat mbokbilih asring kita prangguli. Lan menawi kita gatosaken, pitakènan wau adhakanipun tuwuh ing nalikanipun brayat wonten ing salebeting swasana semplah awit mboten kuwagang ngadhepi bot-répot ruwet-rentenging brayat ingkang sakelangkung awrat.

mBoten kuwagangipun ngadhepi prekawis makaten, mila asring njalari gampil semplah ngadhepi kanyatan tantanganing gesang. mBoten sakedhik nuwuhaken “rujak-sentul”, sapéranganing brayat ngener “mengalèr”, sapérangan satunggalipun ngener “mangidul”. Pramila nalika sesambetan/rerembagan inggih asring mboten saged sami nyambung, lan kepara malah gampil klèntu paham. Kamangka klèntu paham sakedhik kémawon, asring nuwuhaken regejegan ingkang sangsaya ndadra lan hébat. Menawi sampun kados makaten gampil tuwuh pemanggih: apa sing bisa dak arep-arep manèh? Pramila lajeng gampil nuwuhaken raos mangu-mangu, ajrih lan awang-awangen badhé ndandosi swasana makaten.

Janji-suci kasetyan ing neningkahan ingkang naté kaucapaken bilih badhé gesang nyawiji, ing salebeting bingah menapa déné sisah, lajeng gampil dipun blénjani. Swasana semplah lan raos pamangu-mangu pancèn asring ngrisak kakendelan kanggé ngugemi janji-setyanipun. Ananging sejatosipun, menawi saged nglengganani karingkihan kita ingkang kados makaten, sayektinipun kita sami kaosikaken bilih taksih wonten pangajeng-ajeng sejati, ingkang njalari kita sangsaya suméndhé dhateng prasetyanipun Allah kanggé para tiyang pitados.

Sabdanipun Gusti wekdal punika, paring pémut supados kita wangsul malih lan tetep mantep dhateng pangajeng-ajeng ingkang sampun kita andhemi, awit kita pitados bilih Gusti Allah netepi Prasetyanipun. Pengajeng-ajeng punika kaparingaken dhateng kita sarta kadhawuhaken murih kenceng kita andhemi, tansah kita cepengi lan mboten dipun culaken. Kanthi ngandhemi dhateng pangajeng-ajeng kasebat, kita sami ngeneraken pangajeng-ajeng dhateng Allah, sanès dhateng kakiyataning kamanungsan kita. Manah lan nalar budi kita badhé nuju dhateng prasetyanipun Gusti. Gusti paring prasetya bilih tansah migatosaken, paring pitulungan, lan ngiyataken umatipun ingkang dipun kasihi.

Kadospundi caranipun ngandhemi lan ngugemi pangajeng-ajeng saha prasetya wau? Kawigatosan lan sih-katresnan punika mujudaken kabetahan saben tiyang. Gesanging tiyang pitados punika mboten namung kanggé kawigatosan dhirinipun piyambak, ananging ugi kanggé kawigatosanipun ngasanès. Pramila sikap gesangipun tiyang pitados punika katimbalan kedah nyunaraken sih-katresnanipun Sang Kristus. Anggènipun sami gatos- ginatosaken ing antawisipun setunggal lan setunggalipun sarta anggènipun nélakaken pandamel-saé ing gesangipun, ugi kedah saged nyrambahi dumugi gesanging sesami.

Kanggé nyepengi kanthi bakuh dhateng prasetyanipun Gusti, mbetahaken kakendelan lan kanthi gumolonging manah. Tékad ingkang kiyat badhé saya ngrembakakaken kencenging greget kanggé ngugemi janji kasetyaning neningkahan ingkang sampun kaucapaken. Kakendelan kanggé pulihipun swasananing brayat, kedah tansah dados pambudidayanipun saben warganing brayat sesarengan. Wonten ing pambudidaya ingkang kanthi sesarengan punika saben warganing brayat tinimbalan samidéné nggatosaken setunggal lan satung-galipun, supados sami atag-ingatag ing katresnan lan ing pandamel utami, ngantos saking sedaya sami ngalami indak-indakan ingkang saé. Menawi ing satengahing brayat wonten sikep-sikep kados makaten, mila swasananing gesang sesarengan ing salebeting brayat badhé karaos ngresepaken lan ngangeni, kepéngin tansah pinanggih tuwin nglempak. Srana makaten pangajeng-ajenging pulihing kawontenaning brayat badhé tansah kabangun subur.

7. PANDONGA SYAFAAT

8. PAMUJI KPK 108 : 2-3

GUSTI MUGI NUNGGIL MRING KULA

Gesang kula wah aruming nama
kadya samodra surut lan sirna
ewah gingsir sabarang neng donya
nging Paduka tansah nunggil kula.

Gusti yeku peparang gendholan
pikekah jroning gung karibedan
tetameng kula ingkang santosa
nggih Gusti mugi nunggil mring kula.

9. PANDONGA PANUTUP

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Agenda Kegiatan

Ibadah Minggu Online : Setiap Hari Minggu jam 08.00 WIB livestreaming di channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul dan Radio Swara Dhaksinarga 89,9 FM

Renungan Harian Online : Setiap hari Senin, Rabu, dan Jumat jam 05.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

PA/PD Online : Setiap hari Kamis jam 16.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Sekolah Minggu Online : Setiap hari Minggu jam 09.00 WIB via Zoom

Persekutuan Remaja Online : Setiap hari Sabtu jam 16.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Latihan Macapat : diliburkan

Persekutuan Doa Pagi : diliburkan

Kelas Katekisasi : dimulai pada bulan April 2022