Home » Bahan PA » Materi PD (19-24 Agustus 2019)

Materi PD (19-24 Agustus 2019)

“Rasa Paseduluran Minangka Salah Satunggaling Cara Gusti Allah Ngreksa Titahipun”
1 Timotius 2:1-7

Lumebet ing pakempalaning pandonga:

Sidhem sakwatawis

Pepujen saking KPK BMGJ 319:1

Endahe saduluran manut rehing Pangeran, sami dene ngajeni, wah mbiyantoni nadyan beda agama wah beda golongannya tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,

Refrein:
kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja

Donga Pambuka

Pepujen saking KPK BMGJ 319:2

Rukun ing pitepangan sumanak ing rembugan, dhemen sung pangapura nyirik piala,
nging samya silih ngalah mbabarken tresna tansah, nulad ing sihe Allah mring sagung titah,

Refrein:
kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja

Maos Kitab Suci

Pandonga nyuwun tuntunaning Roh Suci

Maos 1 Timotius 2:1-7

Andharan kitab suci

“Rasa Paseduluran Minangka Salah Satunggaling Cara
Gusti Allah Ngreksa Titahipun”

Pitutur sae lan migunani temtu nggadhahi ancas utawi enering sedya. Ing pangajab pitutur sae lan luhur ngajak supados sok sintena kemawon sami nindakaken kasaenan. Kathah kasaenan ingkang magepokan kaliyan gesang sosial kemasyarakatan. Manungsa boten gesang kanthi piyambakan, utawi kanthi sangaja nebih saking tiyang sanes, nyingkur saking masyarakat limrah. Manungsa mbetahaken tiyang sanes, saha kosok wangsulipun tiyang sanes ugi betah piyambakipun. Pribadinipun nunggil kaliyan tiyang sanes. Kanthi nindakaken kados punika gesangipun manungsa pantes lan limrah. Supados ingkang makaten punika wau kasembadan, manungsa mbetahaken rasa kamanungsan paseduluran, dados sesami tumrap sesaminipun.

Rasaning paseduluruan ndadosana tiyang nggadhahi rasa simpati lan empati. Tegesipun simpati punika, saged ngraosaken pangraosing sesaminipun. Wondene ingkang naminipun empati sami kaliyan nyamekaken kawontenaning batos pribadi sami kaliyan tiyang sanes ugi utawi masyarakat. Kejawi punika, kanthi simpati lan empati ndadosana satunggaling tiyang dados patunggilan ingkang sumadya njagi tertibing pepadhanipun, raosing katentereman, adegipun pranatan, saha gesang sosial.sadaya punika minangka pirantos adeging jaminan lan lancaripun gesang kemasyarakatan kangge sadaya warga.

Ing salebeting pitutur luhuripun dumateng siswa kinasih lan putra karohanenipun, rasul Paul ing serat 1 Timotius maringi pitedah dumateng Timotius. Timotius supados tansah ngudi lan nggladhi pemanggihipun saha patraping gesang nggadhai watak simpati lan empati dumateng masyarakat bangsa. Pitedah lan pitutur luhur dene Timotius tansah ndedonga kanthi pandonga panyuwun karaharjan kangge bangsa lan masyarakat. Timotius katuntun supados ndamel tuladha ing gesangipun, bilih iman lan olah kemasyarakatan punika nunggil sapatunggilan.

Iman ateges yakin lan pitados dumateng panguwaosipun Gusti Allah ingkang mahaluhur, iman ingkang kados punika dipun wujudaken kanthi patrap nyata. Salah satunggiling patrap inggih punika nyuwunaken berkahipun Gusti Allah kangge bangsa lan nagari. Ancasing pandonga inggih punika supados Gusti tansah maringi katentereman lan karaharjan tumrap masyarakat.

Rasul Paul maringi pangertosan bilih perkawis punika wigatos, inggih punika: pandonga syafaat, lan pamatur nuwun kangge masyarakat, punapa dene pandonga kangge para pangagenging bangsa supados Gusti karsa ngagem sadaya punika dados pirantos sembada ndhatengaken kasaenan. Patraping pandonga punika, paling boten saged dados pirantos, tumrap ingkang ndedonga, pakulinan sae. Pakulinan sae ingkang ndhatengaken kasaenan, inggih punika, sinaosa ngalami cuwa ing manah awit dados kurban angkaraning panguwaos, nanging taksih purun ndedonga sae kangge panguwaosing pemerintah. Ngewahi ingkang awon dados sae lan becik kados punika mbetahaken raosing lembah manah lan gladhi ingkang saestu awrat. Nanging, rasul Paul nggadhai pemanggih bilih iman lan raosing yakin boten namung kangge ngibadah kemawon, nanging ugi kangge gesanging sosial kemasyarakatan.

Saking pakulinan sae punika temtu badhe tuwuh tunggil rasa dados sadherek dumateng sesami sak bangsa sak nagari. Tunggaling rasa minangka satunggal sadherek nyangkakaken pangraos sanes-sanesipun, inggih punika wonten mbelani lan ngudi hak-hak asasi ingkang karampas, wantun mbelani hak-hak sesami ingkang katindhes lan kalirwakaken dening panguwaos. Punpa dene wantun ngudi hak asasi tanpa tumindak awon, saha diskriminasi ancaman (intimidasi).

Sadaya punika temtu kemawon mbetahaken pemanggih ingkang lantip (cerdas), inggih punika ngudi kasaenan nanging boten ngurbanaken punapa kemawon utawi sinten kemawon. Tansah ngudi pemanggih cerdas supados saged ngyakinaken sinten kemawon bilih nindakaken kasaenan punika dados kabetahaning tiyang gesang.

Gusti Allah maringi kasagedan ngudi kasaenan supados tansah madosi cara sae medal saking ruwet renteng, pramila kasagedan kedah tansah dipun agem, contonipun raos paseduluran. Nyatanipun Gusti ngagem pangraos punika ngreksa titahipun. Pramila saben tiyang kristen nggadhahi kuwajiban – malah dados kabetahanipun – mbangun raosing minangka sesami wontenpapan pundi kemawon.

Menawi kawontenanipun sampun dumugi kados punika, purun boten purun temtu badhe lumebet ing aspek politik ugi. Menawi kita padosi saking sejarahipun, politik punika satunggaling cara manungsa ngudi kasaenan lan rejaning gesang sesarengan. Awit saking punika politik ugi kedah dipun damel minangka pirantos ndhatengaken tenterem lan raharjaning gesang sesarengan/ masyarakat. Politik ugi pirantos ing astanipun Gusti Allah. Sinaosa makaten, kathah ugi ingkang sami matesi lan menggokaken dados tujuan lan namung sarana ndhatengaken kasaenan pribadi, agama, ras, golongan lan suku. Ing tembe wingkingipun, politik ical tegesipun minangka sarana lan pirantosipun Gusti Allah. Ingkang dados inti utawi wigatos, saben tiyang pitados kedah migatosaken bilih Gusti Allah maringi kanugrahan ingkang wujudipun punapa kemawon, mesthi ngemu teges pirantos kangge ndhatengaken kasaenan, lan bangun paseduluran. Kalebet ing ngriki ugi ekonomi, kabudayan, pranatan hukum, sadaya punika nugraha lan pirantos pengreksa saking Gusti Allah ingkang ndhatengaken kasaenan.

Mugi bahan punika saged dipun ginakaken minangka cara supados kita mangertosi lan nyengkakaken manpangatipun tumrp bangsa lan masyarakat Indonesia. Amin.

Pandonga sokur lan syafaat

Pepujen saking KPK BMGJ 317:1-4

Indonesia nagri endah
peparing ing Yehuwah
mila kula dongakaken
mrih raharja wah tentrem.

Allah yeku kang ngayomi
bangsa dalah negari
ing sisah sarta ing bingah
mung Pangeran sinembah.

Kabegjan wah kaluberan
mung krana sihing Gusti
bebener lan kaadilan
tansah kedah den udi.

Bangsa, nagri Indonesia
mugi tansah lestari
kalis sing salir bebaya
wit rineksa ing Gusti

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Agenda Kegiatan

Ibadah Minggu Online : Setiap Hari Minggu jam 08.00 WIB livestreaming di channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul dan Radio Swara Dhaksinarga 89,9 FM

Renungan Harian Online : Setiap hari Senin – Sabtu jam 05.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Persekutuan Remaja Online : Setiap hari Sabtu jam 16.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Sekolah Minggu Online : Setiap hari Minggu jam 07.00 WIB di Channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul

Latihan Macapat : diliburkan

Persekutuan Doa Pagi : diliburkan

Kelas Katekisasi : diliburkan

Jadwal PA Wilayah/Panthan/Kelompok  >> Oktober 2020 >> DILIBURKAN