Home » Bahan PA » Materi PD Masa Paskah (18-23 Maret 2019)

Materi PD Masa Paskah (18-23 Maret 2019)

SETYA TUHU DUMUGI ING PATI

1. WekdaI Ening Sesarengan

2. Kidung KPK 5:1,2

PAMUJI KONJUK GUSTI
1. Pinuji puji Gusti
kang nitahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri
tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna
sihnya langgeng slaminya

2. Pinuji puji Gusti nggih
Allah kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti
tinuwukken klayan berkah,
salir ingkang pinanggya
dados margining begja.

3. Pinuji-puji Gusti
Hyang Maluhur Mahasuci,
kang nucekken manungsa
srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi
mrih kraharjan sejati.

3. Pamaosing Masmur
(Masmur 37:1-6)

4. Kidung KPK 86 :1-3

ANDHEREK GUSTI

1. Kula badhe mboten nilar
dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak
kula ndherek Paduka
reff : kula tut wingking Paduka
salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka
kula tan saged gesang.

2. Sanadyan gung karubedan
kula mboten sumelang
Paduka sung kekiyatan
pramila kula gesang,
reff : kula tut wingking Paduka
salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka
kula tan saged gesang.

3. Kula tansah ndherek Gusti
nadyan nyanggi momotan
klayan manggul salib kula
ngantos dugeng wekasan,
reff : kula tut wingking Paduka
salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka
kula tan saged gesang.

5. Pandonga

6. Pamaosing Kitab Suci
(Lukas 22:39-46; Wahyu 2:10)

7. Renungan

Sinten ing antawis kita ingkang mboten ajrih gesang ing salebeting panandhang? Limrahipun, tiyang ajrih ngalami panandhang. Pramila, sedaya ingkang kaanggep celak kaliyan panandhang dipun tebihi. Kadosta, kathah tiyang ingkang ajrih sakit, awit sakit kaanggep panandhang. Pramila, jejampi/obat-obatan lan suplemèn tetedhan ingkang gegayutan kaliyan panjang umur, laris manis.

Sinten ing antawis kita ingkang mboten ajrih pejah? Umumipun tiyang ajrih pejah. Pramila, sedaya ingkang celak kaliyan pejah kaudi dipun tebihi. Limrahipun, kathah tiyang ingkang ajrih dados sepuh, awit sepuh kaanggep celak kaliyan pejah. Pramila, prodhuk ingkang kaanggep damel awèt enèm laris ing pekenan.

Ajrih dhateng pejah lan panandhang punika bab ingkang limrah, manusiawi. Kathah tiyang ingkang ngalami. Waosan Injil kita dinten punika nyathet kados pundi Gusti Yèsus ajrih ngadhepi panandhang lan pejah ingkang nuli badhé kelampahan ing sugengipun. Juru Injil Lukas nyathet: “Panjenengané giris banget lan saya mempeng anggoné ndedonga. Riwéné nganti kaya tètèsing getih kang padha tumiba ing lemah” (Luk. 22:44). Temtu kita saged nggambaraken panandhang ingkang nggegirisi ingkang dipun alami déning Gusti Yèsus. Secara méntal Panjenanganipun kijènan. Para murid sami nilar Panjenenganipun piyambakan. Nalikanipun Gusti Yèsus perang batos (bergumul) ing salebeting pandonga, para sekabatipun sami tilem (ay. 45), kados-kados sami mboten preduli dhumateng Panjenenganipun. Yudas nyidrani Gusti Yèsus srana panucup palsu (ay. 47). Kawéwahan gegambaran ragawi ingkang badhé dipun alami déning Panjenenganipun. Ugi Gusti Yèsus badhé ngraosaken panyenyamah lantaran anggènipun séda sinalib.

Ing satengahing raos ajrih punika, pandonga dados kasantosanipun Gusti Yèsus. Sang Rama lantaran malaékatipun nyantosakaken lan nyengkuyung Panjenenganipun lantaran pandonga punika (ay. 43). Srana kasantosan punika, Gusti Yèsus wani nglampahi panandhang lan sédanipun.

Kakendelanipun Gusti Yèsus ngadhepi panandhang lan pati dados inspirasi tumrap pasamuwanipun Gusti ingkang mboten uwal saking sawernining pameteg. Kitab Wahyu kaserat kanggé nyantosakaken tiyang pitados ing salebeting panandhangipun. Kanthi tandhes panyerat Wahyu mratélakaken: “Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati.”
Tembung “tumeka ing pati” nedahaken raos ajrihipun tiyang limrahipun. Tiyang ajrih nglampahi panandhang, ajrih pejah. Punika ateges, kasetyan kita kaajeng-ajeng nglangkungi raos ajrih kita, raos ajrih damel kasetyan kita ical. Wonten ing cathetan sujarah gréja, wonten kathah tiyang ingkang nilar Gusti Yèsus awit ajrih dhateng pancaming pejah.

Lan samangké raos ajrih tetep dados momok tumrap kita, mboten namung ajrih pejah. Gesang kita kalingkupan déning raos ajrih. Wonten raos ajrih ing bab ékonomi, ajrih bab tembé wingkingipun laré/anak, raos ajrih pasangipun slingkuh. Raos ajrih punika damel kita mboten setya!

Setya ateges tetep cepengan Gusti, punapaa ingkang kelampahan. Kitab Suci kita mboten nerangaken bilih panandhang badhé sumingkir saking gesang kita. Kasisahan badhé tansah wonten. Kados-déné Gusti Yèsus ingkang nampi kasantosan saking pandonga, mekaten ugi Gusti Allah badhé maringi kasantosan ing satengahing panandhang lan raos ajrih kita.

Kasetyan punika timbalan kita. Kathah tiyang mawas bilih kedah suksès. Kitab Suci ngèngetaken bilih Gusti ngersakaken kasetyan, mboten namung woh ingkang nama suksès. Ing satunggaling wekdal wonten tiyang ingkang mundhut pirsa dhateng ibu Térésa: “Ibu sampun ngladosi kaum miskin ing Kalkuta, India. Nanging, punapa Ibu pirsa, bilih taksih wonten langkung kathah tiyang miskin ingkang kapiran? Punapa Ibu mboten rumaos gagal?” Ibu Térésa paring wangsulan, “Anakku, aku ora katimbalan supaya bisa kasil, nanging aku katimbalan supaya setya…”

Iba kathahipun tiyang gadhah pamanggih katimbalan déning Gusti supados suksès. Temtu kémawon pamanggih punika klèntu. Punika mboten ateges kita mboten kénging suksès, nanging suksès punika bonus, bebingah tambahan, sanès tujuan. Pitakènan kanggé kita inggih punika, punapa kita sampun setya dhateng timbalanipun Gusti ing gesang kita? Punapa kita sampun setya minangka pelados, minangka sémah, minangka anak?

Setya mboten gampil, malah langka, nanging sanès bab ingkang ngaya wara. Pramila, samia sinau setya.

8. Pandonga Safaat

9. Kidung KPK 81:1-3

NDHEREK GUSTI

1. Kula mesthi ndherek Gusti
kang jumeneng Panutan
tetep setya dugeng janji
tan wigih karibedan,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti.

2. Kula mesthi ndherek Gusti
martosken Injil suci,
datan ajrih ing sangsara
wit Gusti nganthi kula,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti.

3. Kula mesthi ndherek Gusti
mbabarken sih piwlasnya,
mring sagung titah ing bumi
dimen samya raharja,
Reff : dhuh nyawaku ja kwatir
Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya
ing satindake Gusti.

Bagikan :



Leave a comment

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Agenda Kegiatan

Ibadah Minggu Online : Setiap Hari Minggu jam 08.00 WIB livestreaming di channel Youtube GKJ Wonosari Gunungkidul dan Radio Swara Dhaksinarga 89,9 FM

Persekutuan Doa Rabu Pagi : Setiap Hari Rabu jam 04.30 WIB di Gedung Gereja